Minggu, 08 Juni 2008

Peringatan Hadeging Nagari Ngayogyokarto Hadiningrat ke 261

Raja Kraton Yogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X mengatakan masyarakat yang berhak menilai pengamalan misi pengabdian Kraton Yogyakarta. Yaitu 'Tahta untuk Rakyat' dan 'Tahta bagi kesejahteraan kehidupan sosial-budaya rakyat.'

Sri Sultan Hamengku Buwono X mengemukakan hal itu pada Majlis Tasyakur, Mujahadah Akbar dan Semaan Alquran peringatan 261 tahun Hadeging Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat di halaman Keben Kraton Yogyakarta, Rabu (4/6/2008) malam. Acara ini dihadiri sejumlah kyai diantaranya, KH A Mustofa Bisri dari Rembang, KH Zawawi Imron dari Sumenep Madura, KH Anwar Mansur dari Kediri serta sekitar 2.000 jamaah dari berbagai daerah.

Dijelaskan Sri Sultan HB X, keberadaan Kraton Yogyakarta sudah lebih dari dua setengah abad. Karena itu, sudah selayaknya untuk ditelusuri jejak sejarahnya, dengan mengukur seberapa besar Kraton Yogyakarta sudah menunaikan amalannya di tengah dinamika masyarakat.

Peringatan bersejarah ini, lanjut Sultan HB X, bersamaan dengan suasana Satu Abad Kebangkitan Nasional dan lahirnya Pancasila. Karena itu, momen ini sangat tepat untuk memohon ridho Allah SWT agar bangsa Indoensia mampu bangkit dari berbagai keterpurukan. Serta tumbuhnya kesadaran untuk menerapkan nilai-nilai Pancasila dalam perilaku keseharian. Sehingga bangsa Indonesia dapat menyatukan visi secara arif dan bijak hanya demi kepentingan bangsa seutuhnya.

''Semaan Alquran ini juga merupakan saat yang tepat untuk bersama-sama merefleksi keinsyafan kita dari ke-munkar-an, seraya meningkatkan ke-ma'ruf-an kita,'' kata Sultan HB X.

Dengan peringatan ini, kata Sultan HB X, niscaya dapat memetik hikmah ketika musibah datang. Sebaliknya bersyukur jika memperoleh nikmat dari Allah SWT sebagai amanah yang harus ditunaikan, baik dalam hubungan hablun minallah maupun hablun minannas.

Menurut Sultan HB X, agar hati tetap bersih dan pikiran jernih ada tiga proses pensucian hati. Pertama, proses doa bersama atau mujahadah. Kedua, muraqobah yaitu menumbuhkan keyakinan dan kesadaran bahwa apapun yang kita kerjakan Tuhan Maha Mengetahui. Ketiga, introspeksi diri atau muhasabah.

''Hati yang suci adalah hati yang dipenuhi dengan iman, hidayah, dan cahaya Illahi. Di dalamnya terdapat luapan rindu, cinta, ketaatan dan kepatuhan kepada Allah SWT semata. Untuk mencapai kesucian, hati harus mengalami tiga proses pensucian tersebut. Sehingga hati tidak diselimuti sifat-sifat tercela yang membuat hati menjadi keras, buta atau beku,'' tandas Sultan HB X. ***

Kamis, 22 Mei 2008

Pengantin Kraton Yogyakarta

Pengantin Kraton Ngayogyokarto Hadiningrat

Sri Sultan Hamengku Buwono X, Raja Kraton Ngayogyokarto Hadiningrat, Jumat (9/5/2008) lalu, menikahkan putri ketiganya, Gusti Raden Ajeng (GRAJ) Nurkamnari Dewi dengan Kangjeng Raden Tumenggung (KRT) Purbodiningrat. Setelah menikah GRAJ Nurkamnari Dewi mendapat nama baru Gusti Kangjeng Ratu (GKR) Maduretno, sedangkan KRT Purbadiningrat menjadi Kangjeng Pangeran Harya (KPH) Purbodiningrat.

Berikut prosesi pernikahan ala Kraton Yogyakarta: Marak/Sowan Nyantri; Majang, Pasang Tarub Sarta Siraman; Tantingan; Midodareni; Ijab Kabul; Panggih; Tampa Kaya Sarta Dhahar Klimah; Pahargyan; Pamitan; Tuguran Bibaran. Berikut prosesi selengkapnya:

Marak/Sowan Nyantri
Ing dinten Kamis Legi, tanggal kaping 2 Jumadilawal Jimawal 1941 utawi Suryo kaping 8 Mei 2008.

Wanci jam 8.00 enjing (08.00 WIB)

Ha (1).Kangjeng Gusti Pangeran Hariya Hadiwinoto, para Gusti Bendara Pangeran Harya, para Abdi Dalem Pangeran Sentana sarta para Abdi Dalem sipat Bupati Punakawan sarta Kaprajan sanese sarta para Dharah Dalem jaler ingkang sami cepeng damel sami sowan wenten ing Gadri Kagungan Dalem Kasatriyan.

Na (2). Gusti Kangjeng Ratu Pembayun, randa Garwa Dalem Nata, Gusti Raden Ayu Suryokusumo, para Gusti Bendara Raden Ayu, randa Kangjeng Panembahan, garwane Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto, para randa garwa Lurah Pangeran, para garwane Gusti Bendara Pangeran Harya, para randa garwa Gusti Bendara Pangeran Harya, para Darah Dalem estri sarta para Abdi Dalem estri ingkang sami cepeng damel sami marak wenten ing Kagungan Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan.

Ca (3). Gusti Kangjeng Ratu Hemas, Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi, para Gusti Raden Ajeng sanese sarta para Darah Dalem estri ingkang kakersakake ngampil ampilan temanten, sami marak wenten ing Kagungan Dalem Kraton Kilen.

Ra (4). Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat, Hajah Handayati Djuwanto sarta ombong sanese sami sumadya wenten ing griyane.

Waci jam 8.30 enjing (08.30 WIB)

Ha (1). Kangjeng Gusti Pangeran Haryo Hadiwinoto utusan Kangjeng Pangeran Harya Wironegoro saha Kangjeng Raden Tumenggung Danukusumo, kakersakake nimbali Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat sowan nyantri. Bidale Abdi Dalem Utusan Dalem dhumateng griyane Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat medal Kagungan Dalem Regol Magangan mengangge cenela sarta numpak wimana Paring Dalem Kawedanan Hageng Punakawan Wahana sarta Kriya.

Na (2). Gusti Kangjeng Ratu (GKR) Pembayun utusan Bendara Raden Ayu serakit dhumateng Kagungan Dalem Kraton Kilen, kakersakake nyuwun marake Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi wenten ing Kagungan Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan. Bidale Gusti Bendara Raden Ayu serakit dhumateng Kagungan Dalem Kraton Kilen medal seketeng sakidul Kagungan Dalem Bangsal Ratu Kencanan.

Wanci jam 9.30 enjing (09.30 WIB)

Ha (1). Sowane Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat wenten ing Gadri Kagungan Dalem Kasatriyan kahirit Abdi-Dalem Utusan-Dalem serakit ginarudug Hajah Handayati Djuwanto sarta ombyong sanese, lumebet cempuri Kagungan-Dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat medal Kagungan-Dalem Regol Magangan. Weten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan katampi Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto, sasampune lenggahan sawetawis lajeng Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat kapapanake wenten ing Kagungan-Dalem Gedhong Sri Katon. Wondene Hajah Handayati Djuwanto sarta ombyong sanese kapapanake wenten ing papan ingkang sampun disumektake.

Na (2). Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi katampi Gusti Kangjeng Ratu Pembayun wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan kakanthi Bendara Raden Ayu serakit, saking Kagungan-Dalem Bangsal Kraton Kilen dhumateng Kagungan-Dalem Bangsal Ratu Kencana. Sesampune lenggahan sawetawis, bakda majang sarta tarub Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi lajeng kapapanake wenten ing empar Kagungan-Dalem Bangsal Prabayeksa kidul iring wetan, wondene ampilan sarta ombyong sanese kapapanake wenten ing papan-papan ingkang sampun disumektake.

Majang, Pasang Tarub sarta Siraman
Ing dinten Kamis Legi, Tanggal kaping 2 Jumadilawal Jimawal 1941 utawi Surya kaping 8 Mei 2008

Wanci jam 10.00 enjing (10.00 WIB)

Ha (1). Gusti Kangjeng Ratu Hemas, Gusti Kangjeng Ratu Pembayun, randa Garwa-Dalem Nata, Gusti Raden Ayu Suryokusumo, para Gusti Raden Ajeng, para Gusti Bendara Raden Ayu, randa Kangjeng Panembahan, garwane Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto, para randa garwa Lurah Pangeran, para garwane Gusti Bendara Pangeran Harya, para randa garwa Gusti Bendara Pangeran Harya, Hajah Handayati Djuwanto sarta ombyong estri, simahe Kangjeng Raden Penghulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat ingkang kakersakake muloni, sedaya Darah-Dalem estri, para Abdi-Dalem estri ingkah sami cepeng damel, sami marak wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan.

Na (2). Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto, para Gusti Bendara Pangeran Harya, Kangjeng Pangeran Harya Wironegoro, para Pangeran Sentana, Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat, para Abdi-Dalem sipat Bupati sarta para Darah-Dalem jaler ingkang sami cepeng damel, sarta ombyong jaler, sami sowan/marak wenten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan.

Ca (3). Abdi-Dalem reh Kawedanan Hageng Punakawan Wahana sarta Kriya sarta reh Kaprajuritan ingkang kakersakake pasang tarub sarta tetuwuhan, sami sowan wenten ing Plataran Kagungan-Dalem Bangsal Kencana sangajeng Sarangbaya.

Wanci jam 10.30 enjing (10.00 WIB)

Majang pasang Tarub sarta Tetuwuhan Keputren

Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta Bendara putri majang wenten ing emper Kagungan-Dalem Bangsal Prabayeksa kidul iring wetan, para Abdi-Dalem reh Kawedanan Hageng Punakawan Wahana sarta Kriya, sarta reh Kaprajuritan wiwit pasang tarub sarta tetuwuhan. Sarampunge majang Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta Bendara putri, lajeng wangsul lenggah wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan.
Wanci jam 11.00 enjing (11.00 WIB)

Siraman Putri

Ha (1). Gusti Kangjeng Ratu Pembayun ngirit Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi kakanthi Bendara Raden Ayu serakit sarta para Darah-Dalem estri ingkang ngampil Ampilan tindak dhumateng Kagungan-Dalem Sekar Kedhatonan, saperlu sumekta siraman. Gusti Kangjeng Ratu Hemas kadherekake para Gusti sarta para Bendara sanese, Hajah Handayati Djuwanto, simahe Kangjeng Raden Penghulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat tindak wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan nyirami Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi, sesampuen nyirami lajeng wangsul lenggah.

GKR Hemas menyiram air kembang pengantin GKR Maduretno pada acara siraman

Sasampune Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi disirami, lajeng kakanthi lenggah wenten ini emper Kagungan-Dalem Bangsal Purbayeksa sisih kidul iring wetan saperlu kekerik sarta kabusanani, sineksenan Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta Bendara putri, Hajah Handayati Djuwanto, simahe Kangjeng Raden Penghulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat.

Wanci jam 12.00 siang (12.00 WIB)

Ha (1). Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta para Bendara putri, Hajah Handayati Djuwanto, simahe Kangjeng Raden Penghulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat, tindak dumateng Kagungan-Dalem Kasatriyan, katampi Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto lajeng kahaturi lenggah sawetawis.

Majang, pasang Tarub sarta Tetuwuhan Kasatriyan

Na (2). Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta para Bendara putri majang wenten kamar Kagungan-Dalem Gedhong Sri Katon, para Abdi-Dalem reh Kawedanan Hageng Punakawan Wahana sarta Kriya, sarta reh Kaprajuritan pasang Tarub sarta Tetuwuhan, sesampune majang lajeng wangsul lenggah wenten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan.

Siraman Kakung

Ca (3). Kangjeng Gusti Pangeran Harya Hadiwinoto ngirit Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat kakanthi Kangjeng Pangeran Harya Wironegoro saha Kangjeng Raden Tumenggung Danukusumo, sarta Darah-Dalem ingkang ngampil ampilan tindak dhumateng Kagungan-Dalem Gedhong Kompa, saperlu sumekta siraman.

Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta para Bendara putri sarta Hajah Handayati Djuwanto, simahe Kangjeng Raden Pengulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat tindak wenten ing Kagungan-Dalem Gedhong Kompa saperlu nyirami Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat, menawi sampun rampung lajeng wangsul lenggah wenten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan.

Sesampune Kangjeng Raden Tumenggung Purbodiningrat disirami, kakanthi dhumateng Kagungan-Dalem Gedhong Sri Katon saperlu kabusanani. Menawi sampun rampung anggene busana lajeng kakanti lenggah wenten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan.

Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta Bendara putri, sarta simahe Kangjeng Raden Pengulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat lajeng pamitan wangsul dhumateng Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan. Sedaya ingkang sowan/marak wenten ing Gadri Kagungan-Dalem Kasatriyan kaparingan tedhan-Dalem, lajeng kepareng ngaso.

Ra (4). Menawi Gusti Raden Ajeng Nurkamnari Dewi sampun rampung anggene kakerik sarta kabusanani, lajeng sami lenggah wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan, rawuhe Gusti Kangjeng Ratu Hemas, para Gusti sarta Bendara putri, simahe Kangjeng Raden Penghulu Hakim Drs Haji Diponingrat sarta simahe Kangjeng Raden Tumenggung Drs Haji Kamaludiningrat lajeng nunggil lenggah wenten ing Kagungan-Dalem Bangsal Sekar Kedhatonan. Salajenge sedaya ingkang sami marak kaparingan tedhan-Dalem, salajenge kepareng ngaso.

Pasang Tarub sarta Tetuwuhan tratag Kagungan-Dalem Bangsal Kencana

Para Abdi-Dalem reh Kawedanan Hageng Punakawan Wahana sarta Kriya, sarta reh Kaprajuritan, lajeng pasang tarub sarta tetuwuhan wenten ing tratag Kagungan-Dalem Bangsal Kencana sarta papan-papan sanese ingkang sampun katemtokake, sarampunge lajeng kaparingan tedhan-Dalem, salajenge kepareng ngaso.